Pidato Bahasa Jawa Krama Tentang Narkoba

Pidato Bahasa Jawa Krama Tentang Narkoba

Kamu lagi belajar bikin pidato bahasa jawa krama? COntoh pidato bahasa jawa krama berikut ini bisa jadi bahan belajarmu.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, Bapak/Ibu tamu undangan ingkang kulo hormati, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan wonten ing mriki.

Pidato bahasa jawa (nbcsports.com)

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kinurmatan

Kula bade matur  ingkang irah-irahan bahaya nipun  ngagem narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang, kito sedoyo sampun katah mirengaken pawartos, saking TV, radio lan internet. Kulo bade ngaturaken bahayanipun narkoba. Narkoba saged ngrisak badan, kesehatan bade ka ganggu, pikiran boten saget jejek lan sanesipun gangguan.

Narkoba minongko obat ingkang dipun larang, mboten sae kagem putra-putri Bapak/Ibu. Sak jatosipun baten kapareng dipun sade kanti bebas. Sinteno ingkang ngagem lan ngginakaken ateges piyambakipun sampun nglanggar paugeman lan saget dipun paring pidono. Awit meniko kulo ngajak monggo, ampun ngantos kito cedak-cedak lan ngagem ingkang meniko ateges sampun kumowanton nglanggar aturan saking pamarentah.

Mugi-mugi rencang-rencang sedoyo mboten ngagem narkoba. Mugi-mugi dados murid kang kathah prestasi. Saged ndamel bapak lan ibu bangga.

Bahaya narkoba (renaissancerecovery.com)

Ciri-ciri tiyang ingkang remen mengonsumsi narkoba :

1. Tiang ingkang remen menyendiri mboten remen menawi kempal tiyang katah.
2. Tiyang ingkang remen wonten kamar nyetel music ingkang keras.
3. Tiyang ingkang remen tongkrongan wonten pinggir mergi. Jarang teng ngriyo.
4. Tiyang ingkang ngelompok wonten panggenan ingkang sepi kaleh rencang-rencang.
5. Tiyang ingkang remen ngrokok inggih condong dumateng minum minuman keras lan narkoba.

Awit meniko kula ngajak dumateng sedoyo rencang menawi manggihi sederek ingkang nggadahi ciri kadaos wonten ing nginggil kito kedah wicaksono, lan ampun ngantos kito ketularan dumateng tiyang ingkang nggadahi karemenan minum narkoba kolo wau. Kito kedah ngati-ati lan mboten ndherek rencange ingkang sampun mengonsumsi narkoba.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tinjau saking kesehatan, ngrugekaken dumateng badan. Gampil kenging penyakit-penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan paru, lan inggakang paling bahaya inggih kawontenan pikiran mboten saget dikendalikan kanti sae, tindak tanduk kurang sopan lan sak penunggalipun. Tiyang ingkang remen minum narkoba ugo gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang hormat dumateng tiyang sepuh.

Kula ngajak dhumateng para warga masyarakat aja ngginaken narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang. Ginaaken wekdal kangge hal-hal ingkang positif inggih punika : maca buku, sinau, olahraga, mbantu tiyang sepuh lan sakpanunggalane.

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kula hormati



Facebook Conversations


"Berita ini adalah kiriman dari pengguna, isi dari berita ini merupakan sepenuhnya menjadi tanggung jawab pengguna"