Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan yang Singkat dan Jelas

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa tentang Perpisahan yang Singkat dan Jelas

Bikin teks pidato dalam Bahasa Jawa itu lebih rumit dibandingin Bahasa Indonesia. Terlebih lagi, kalo kalian nggak fasih dalam berbahasa Jawa. Selain itu, kalian butuh mikirin dalem-dalem soal pemilihan kata biar nggak salah.

Nah, apakah kalian lagi mau nyiapin teks pidato Bahasa Jawa untuk acara perpisahan? Yuk, liat dulu contoh-contohnya berikut.

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan 1

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan 1 pidato (christopherwitt.com)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dhumateng Bapak/Ibu Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu guru ingkang kinurmatan, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Monggo ucap syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, saenggo kita sedaya diparingi kesehatan lan saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula, wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru. Matur nuwun Bapak/ Ibu guru, anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula lan rencang-rencang ngangsu kawruh wonten sekolah niki.

Kula lan rencang-rencang naming saged memuji lan donga. Mugi-mugi amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah SWT, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi lulus kanthi biji ingkang sae-sae.

Mboten kesupen, kula lan rencang-rencang ugi nyuwun pangapunten, awit kula lan rencang-rencang asring ndamel Bapak Ibu susah lan kaciwa, awit saking atur saha solah bawa kula lan rencang-rencang ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Allah SWT, Amin..

Cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum Wr. Wb.

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan 2

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan 2 pidato (projectink.com.sg)

Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmaten Bapak/Ibu kepala sekolah ugi bapak–ibu guru ingkang satuhu luhuring budi lan rencang-rencang kaleh ingkang kula krisnani.

Mangga ngaturaken puji syukur dhumateng gusti Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan kewarasan saenggo kita saged kempal wonten acara perpisahan sak menika.

Kula ngaturaken matur nuwun saageng-agengipun kagem bapak-ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula saha rencang-rencang dateng pawiyatan mriki menika ingkang dangunipun tigang warsa.

Mboten keraos kula ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawitan mriki. Wonten ing adicara perpisahan menika, kula nyuwun agengipun pangapunten sangking bapak/ibu guru wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten mriki menawi gadhah kalepatan. Mugi-mugi bapak/ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula.

Sampun cekap anggenipun kula matur, menawi wonten kelepatan, kula nyuwun agenggipun pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.



Facebook Conversations


"Berita ini adalah kiriman dari pengguna, isi dari berita ini merupakan sepenuhnya menjadi tanggung jawab pengguna"