Ucapan Sungkem Lebaran Bahasa Jawa Kromo di Hari Fitri

Ucapan Sungkem Lebaran Bahasa Jawa Kromo di Hari Fitri

Setelah berpuasa sebulan penuh, hari yang ditunggu-tunggu pun tiba, yaitu hari raya Idul Fitri. Ketika lebaran datang, biasanya akan ada momen di mana kamu berkumpul keluarga dan saling bermaaf-maafan. Beberapa keluarga juga biasanya melakukan sungkeman. 

Sungkeman umumnya dilakukan anak pada orang tua, atau keluarga lain yang lebih tua. Sang anak akan meminta maaf pada orang yang lebih tua dengan posisi bersimpuh. Kemudian, orang tua akan memberikan maaf sambil mendoakan si anak. 

Nah, kalau lagi sungkem, kata-kata apa sih yang diucapkan sang anak pada orang tua? Berikut ini beberapa pilihan ucapan sungkem lebaran Bahasa Jawa Kromo atau bahasa yang termasuk ragam hormat.

Sungkeman (blog.alfacart.com)

1. Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dhumateng sedoyo kelepatanipun lan klenta klentinipun kulo.

2. Kulo mriki sowan dateng ngarsanipun bapak/ibu/mbah. Sepindah kulo tuwin lan silaturahmi kangge paseduluran sesami tiyang muslim. Kaping kalih kulo nyuwun pandonganipun bapak/ibu/mbah. Lan ingkang kaping tigonipun kulo nyuwun pangapunten seagengipun samodra pangaksami dhateng sedaya klenta klentunipun lampah kulo tumindak lan anggene kulo matur ingkang kulo jarag nopo dene mboten dipunjareg.

Semanten niko kulo nyuwun mugi mugi saged ndadosaken penggalihipun panjenengan lan manahnipun kulo tentrem. Lan ingkang ugo kito suwun suwun, mugi ibadah kulo lan panjengengan saged ketampi ing ngarsane gusti Allah SWT lan mugi Allah kersa maringi pangapunten dumateng sedaya kelepatan kito sedoyo.

Bermaaf-maafan saat lebaran (blog.djarumbeasiswaplus.org)

3. Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu. Sepisan, nyaos sembah pangabekti mugi katur ing ngersanipun Bapak/Ibu. Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo satindak ingkah kulo jarang lan mboten ndadosaken sarjuning panggalih. Mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami. Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho pangestu.

4. Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal. Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.

5. Ngaturaken sembah pangabekti kawula. Sepinten kalepatan kulo, lampah kulo setindak, paben kulo sakecap ingkang mboten angsal idining sarak, kulo nyuwun pangapunten mugi lineburo ing dinten riyoyo puniko.

Tradisi sungkeman (atmago.com)

6.  Kepareng matur simbah sepisan kula sowan mriki mboten sanes badhe silaturahmi, kaping pindhonipun ngaturaken sugeng riyadi, sedaya lepat kula nyuwun agunging pangapura, ingkang kula sengaja menapa mboten dipunsengaja mugi-mugi saged dipunlebur ing dinten riyadi menika. 

7. Kepareng matur dhumateng (bapak/ibu) sowan kula wonten mriki, ingkang sepisan silaturrahim, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, ngaturaken sedaya lepat nyuwun pangapunten, kaping tiga nyuwun donga pangestunipun supados kula saged dados putra ingkang sholeh, migunani dhateng agami, nusa, bangsa, lan nagari, lancar anggenipun pados ilmu ingkang manfaat, gampil anggenipun pados rejeki ingkang halal lan thayyib, saha sukses nglampahi gesang ing donya lan akhirat.

Facebook Conversations


"Berita ini adalah kiriman dari pengguna, isi dari berita ini merupakan sepenuhnya menjadi tanggung jawab pengguna"