Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat, Tinggal Pilih

Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat, Tinggal Pilih

Dapat tugas atau diberikan tugas untuk pidato bahasa Jawa emang gimana gitu, kamu perlu memilah bahasa yang pas dan pantas karena dalam bahasa Jawa ada struktur sopan santun dalam bahasanya.

Kalau salah memilih kata kan bisa-bisa runyam, di protes sama masyarakat hihi.

Contoh pidato Sri Sultan HB X sering sekali menggunakan bahasa jawa di beberapa daerah di jogja (Nasional Tempo.co)

Tapi tenang, kali ini ada beberapa contoh

menarik nih terkait contoh pidato bahasa Jawa singkat, kamu tinggal pilih aja sih yang mana yang kamu suka. 

1. Contoh pidato tentang Menjaga kebersihan lingkungan

Dilansir dari Sahabatnesia.com tentang contoh pidato bahasa Jawa singkat jelas dan padat.

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Ilustrasi tentang kebersihan (smkputera.sch.id)

2. Contoh Pidato Tentang Kesehatan

Dilansir dari situs pustakapantundanpuisi.blogspot.com terkait contoh pidato bahasa Jawa singkat tentang kesehatan.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmtan bapak soho ibu tamu undangan

Hadirin sekalian ingkang berbahagia ugi ingkang kawulo hormati

Langkung rumiyin, monggolah kito sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Tuhan SWT, ingkang sampun maringi sedoyo kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito saged sesarengan kumpul wonten program meniko.

Sholawat serta salam, mugiyo kaunjuk dumateng Rosulullah SAW ingkang sampun mbeto jaman jahiliyah dumugi jaman ingkang penuh rohmah meniko.

Hadirin ingkang kawulo tresnani

Wonten kesempatan meniko, kulo bade nyampeaken sesorah kanti judul kesehatan,

Kesehatan wak niku penting sanget ugi perlu kito jagi, sebabipun kesehatan niku reginipun awis. Contonipun kito gadah penyakit panas, niku rasane mpun ora kepenak ten awak. Nopo maneh penyakit sing werno-werno, koyo penyakit jantung, penyakit ati, penyakit lambung, lan penyakit sak piturute.

Njagi kesehatan niku sebenere simpel sanget, kuncine mung urip sehat inggih puniko maem ingkang teratur lan bergizi, olahraga ingkang cukup, lan istirahat ingkang cukup ugi. Niku kuncinipun urip sehat, kanti njalanke tigo kunci niku insyaallah awak sehat.

Ingkang pertama niku maem birgizi, contone maem ingkang bergizi niku mboten usah ingkang reginipun larang, sing penting niku wonten katah gizi lan vitamine. Koyoto endok, iwak, tahu, tempe, sayur, lan sak piturute.

Salajengipun olahraga ingkang teratur, wong urip niku kedah anggone acara olahraga, minimal seminggu niku sepisan, misale kito jalan-jalan pagi utowo sore. Niku mpun cekap.

Ingkang terakhir inggih puniko istirahat ingkang teratur, jumlah jam ingkang kanggo istirahat niku dianjurke 8 jam setiap setunggal dinten, dados menawi kito kurang istirahat awak dados roso kurang kepenak.

Hadirin ingkang kinurmatan

Menikolah sekedik sesorah saking kawulo, wiwit awal dumugi selesai mbok bilih wonten klenta klentunipun tembung kawulo aturaken ngapunten.



Facebook Conversations


"Berita ini adalah kiriman dari pengguna, isi dari berita ini merupakan sepenuhnya menjadi tanggung jawab pengguna"