Contoh-Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan

Contoh-Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Kesehatan
pidato Bahasa Jawa (stuff.co.nz)

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Puji lan tahmid kula aturaken dumateng Tuhan SWT. Kaping kalihipun kula ucapken sholawat atas nabi muhammad allahumma sholli’ala sayyidina muhammad.

Hadirin ingkang kawulo hormati, ing ketika siang puniko kulo bade nyampeaken sesorah kanti judul kesehatan mata.

Gusti Tuhan niku sampun nyiptaaken manungso kanti sempurno. Manungso diparingi logika lan hawa nafsu, menawi malaikat mboten. Anggota badan manungso iku yo podo wae sampurno, cobo misale mripat kita mung setunggal? Niki mesti mboten sae. Nanging gusti Allah wes luwih sempurno dados nyiptaake makhluk niku yo mesti sempurno. Nanging terkadang kita mboten rumangso bilih sedoyo puniko perlindungan dumateng Tuhan ingkang kedah kita gunaake kanti bener lan kito rawat.

Hadirin ingkang kinurmatan, kita diparingi mripat loro kanggo mirsani hal-hal ingkang postif. Koyoto, kanggo maca Al-Quran, ndelok sing apik-apik, mula kita kedah njaga kesehatan mripat menika kanti sae. Coba bayangna menawa mripat kito sakit, kita mboten kepenak anggone ndelok sakitare.

Napa mawon cara-cara kanggo njaga kesehatan mripat kito sedaya?

Monggo maem ingkang katah vitamin A. Contonipun wortel. Ugi kedah ngatahaken maeman sayuran.

Kaping kalihi, kurangi anggone ngadep ing layar televisi, laptop utawi komputer, ugi hp.

Kaping tiga, carane njaga kesehatan mripat inggih punika kelawan olahraga, alasane olahraga saged njaga awak kita sehat ugi peredaran darah dados lancar.

Pramila sak sampunipun kita mangertosi yen mripat iku penting sanget. Mangga cepet-cepet mulai sakniki njaga kesehatan mripat kanti bener.

Menika sekedik sesorah saking kulo. Nyuwun pangapunten mbok bilih wonten klenta klentunipun.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Itulah contoh pidato Bahasa Jawa dengan tema kesehatan. Semoga bisa dijadikan sebagai inspirasi dan bisa bantu kalian nyelesein tugas ya!



Facebook Conversations


"Berita ini adalah kiriman dari pengguna, isi dari berita ini merupakan sepenuhnya menjadi tanggung jawab pengguna"