Pidato Singkat Bahasa Jawa, Singkat, Praktis dan Mudah Dipahami

Pidato Singkat Bahasa Jawa, Singkat, Praktis dan Mudah Dipahami

Tentunya kalian sudah paham semua kan tentang definisi pidato? Yup... jadi, berikut ini Paragram akan memberikan beberapa contoh yang bisa menginspirasi kalian semua.

Masalah tugas buat pidato dan maju pidato kamu tinggal meniru ini aja deh, dijamin simple, gak ribet tinggal gimana pembawaan kamu ajaa gengs.

contoh dari pidato yang dilansir dari situs obatrindu.com, Ada beberapa contoh yang bisa kita pahami terkait pidato singkat bahasa Jawa

1. Tentang Budi Pekerti

1. Tentang Budi Pekerti Budi pekerti (joburgpost.co.za)

Salah satu pidato singkat bahasa Jawa yang pertama adalah terkait tentang budi pekerti. Nah berikut merupakan salah satu contoh dari budi pekerti.

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh,

Sederenge kulo matur, monggo kito sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murbo ing dumadi. 

Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman soho Islam. Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang leres.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kinurmatan, Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan budi pekerti ingkang luhur. 

Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunyo supados nyempurnaaken budi pekerti. 

Kasebat woten ing kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun mekaten: saktemene jeroning tindak tanduk rosululoh niku wonten budi pekerti ingkang luhur. 

Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasululloh sollohu ‘alaihi wassalam ingkang suraosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun kirang langkung, saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.

Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih meniko sedoyo tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrapi paugeranipun agami islam.

Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih meniko kito kedah nggadahi andap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid kaliyan Bapak soho Ibu guru. 

Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, poro tonggo, lan sedoyo tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan poro mitro soho konco. 

Menawi kito saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedoyo papan soho panggenan, kito saged gesang guyup rukun toto tentrem karto raharjo.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kulo tresnani, Kulo kinten atur kulo cekap semanten. 

Mbok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani wonten penggalihipun panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh.

2. Tentang Kemerdekaan

2. Tentang Kemerdekaan Ilustrasi kemerdekaan (brad.erva-doce.info)

Ini pidato singkat bahasa Jawa yang mengusung tema tentang kemerdekaan.

Assalamuallaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.



Facebook Conversations


"Berita ini adalah kiriman dari pengguna, isi dari berita ini merupakan sepenuhnya menjadi tanggung jawab pengguna"