Pidato Singkat Bahasa Jawa, Singkat, Praktis dan Mudah Dipahami

Pidato singkat bahasa Jawa dan ini bisa banget kamu pakai buat bahan tugas atau maju pidato kedepan di acara-acara resmi Jawa.

Tentunya kalian sudah paham semua kan tentang definisi pidato? Yup... jadi, berikut ini Paragram akan memberikan beberapa contoh yang bisa menginspirasi kalian semua.

Masalah tugas buat pidato dan maju pidato kamu tinggal meniru ini aja deh, dijamin simple, gak ribet tinggal gimana pembawaan kamu ajaa gengs.

contoh dari pidato yang dilansir dari situs obatrindu.com, Ada beberapa contoh yang bisa kita pahami terkait pidato singkat bahasa Jawa

1. Tentang Budi Pekerti

Salah satu pidato singkat bahasa Jawa yang pertama adalah terkait tentang budi pekerti. Nah berikut merupakan salah satu contoh dari budi pekerti.

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh,

Sederenge kulo matur, monggo kito sami munjuk raos syukur wonten ngarsanipun Allah murbo ing dumadi. 

Wondene ing wekdal meniko kito tasih saged ngraosaken endahing iman soho Islam. Kaping kalihipun sholawat soho salam mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wassalam ingkang sampun nedahaken kito margi ingkang leres.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kinurmatan, Kulo bingah sanget wonten wekdal meniko, amargi kito sami saged ngangsu kawruh babagan budi pekerti ingkang luhur. 

Agami Islam mrehatosaken sanget babagan budi pekerti ingkang luhur. Kanjeng nabi Muhammad solallohu ‘alaihi wasalam kautus wonten ing alam dunyo supados nyempurnaaken budi pekerti. 

Kasebat woten ing kitab suci Alqur’an; Wainnaka la’alaa khuluqin adziim. Ingkang artosipun mekaten: saktemene jeroning tindak tanduk rosululoh niku wonten budi pekerti ingkang luhur. 

Ugi dipun jelasaken wonten ing sabdanipun Rasululloh sollohu ‘alaihi wassalam ingkang suraosipun; Innama buistu liutammima makarimal akhlaq. Artosipun kirang langkung, saktemene ingsun dipun utus kagem nyempurnaaken budi pekerti.

Dados sampun cetha wela-wela, bilih tiyang islam kedah nggadahi budi pekerti ingkang luhur. Budi pekerti ingkang luhur inggih meniko sedoyo tindak tanduk ingkang sae, ingkang natrapi paugeranipun agami islam.

Salah satunggaling sorah budi pekerti ingkang luhur inggih meniko kito kedah nggadahi andap asor dumateng tiyang ingkang langkung sepuh. Umpaminipun unggah-ungguh murid kaliyan Bapak soho Ibu guru. 

Ugi unggah ungguh dumateng tiyang sepuh kekalih, poro tonggo, lan sedoyo tiyang sanes. Mboten kesupen kaliyan poro mitro soho konco. 

Menawi kito saged mbiasakaken budi pekerti ingkang luhur wonten sedoyo papan soho panggenan, kito saged gesang guyup rukun toto tentrem karto raharjo.

Bapak / Ibu Guru soho poro konco sedoyo ingkang kulo tresnani, Kulo kinten atur kulo cekap semanten. 

Mbok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani wonten penggalihipun panjenengan sami, kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh.

Budi pekerti (joburgpost.co.za)

2. Tentang Kemerdekaan

Ini pidato singkat bahasa Jawa yang mengusung tema tentang kemerdekaan.

Assalamuallaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para wredha mudha ingkang kula tresnani.

Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.

Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.

Bapak-ibu sarta sedherek-sedherek ingkang kinurmatan, kados sampun kita mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken kamardhikan. Para pemimpin bangsa punika wusananipun kasil maosaken teks proklamasi kamardhikan Indonesia lan gadhah cita-cita luhur inggih punika sila-sila wonten Pancasila.

Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.

Bapak-ibu, sumangga kamardhikan menika dipunisi kalihan pembangunan ugi watak nasionalisme ingkang katandur ing manah.

Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur, nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Ilustrasi kemerdekaan (brad.erva-doce.info)

3. Tentang Narkoba

Salah satu contoh pidato singkat bahasa Jawa yang selanjutnya adalah tentang narkoba, sangat cocok deh dibawakan di acara tentang penyuluhan narkoba gitu.

Coba kita cek aja ya.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Puji soho syukur monggo kita unjukaken  dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring nikmat lah hidayahipun kangge kita sedoyo, sehingga kita sedaya saget makempal wonten ing papan menika kanti kadaan sehat wal afiat. Solawat lan salam mugi katetepna dhumateng nabi Muhammad sholallohualaihi wassalam dumateng para keluarga, sokhabat, lan sedoyo umatipun dumugi akhir zaman samangkih amin.

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kinurmatan

Wonten ing mriki kula bade matur  ingkang irah-irahan bahaya nipun  ngagem narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang, kito sedoyo sampun katah mirengaken pawartos, ningali pawartosTV, menawi sok sinteno ingkang ngginaaken narkoba bade kenging bahayanipun narkoba kolo wau antawisipun bade ngrisak badan, kesehatan bade ka ganggu, pikiran boten saget jejek lan sanesipun gangguan .

Narkoba minongko obat ingkang dipun larang, sak jatosipun baten kapareng dipun sade kanti bebas, awit tumrap sok sinteno ingkang ngagem lan ngginakaken ateges piyambakipun sampun nglanggar paugeman lan saget dipun paring pidono. Awit meniko kulo ngajak monggo kito tebibi obat-obat terlarang meniko ampun ngantos kito cedak-cedak lan ngagem ingkang meniko ateges sampun kumowanton nglanggar aturan saking pamarentah.

Ciri-ciri tiang ingkang remen mengonsumsi narkoba inggih meniko :

1. Tiang ingkang remen menyendiri mboten remen menawi kempal tiyang katah.

2. Tiyang ingkang remen wonten kamar tertutup kanti nyetel music ingkang keras

3. Tiyang ingkang remen tongkrongan wonten pinggir mergi

4. Tiyang ingkang ngelompok wonten panggenan ingkang sepi.

5. Tiyang ingkang remen ngrokok inggih condong dumateng minum minuman keras lan narkoba.

Awit meniko kulo ngajak dumateng sedoyo rencang menawi manggihi sederek ingkang nggadahi ciri kadaos wonten ing nginggil kito kedah wicaksono, lan ampun ngantos kito ketularan dumateng tiyang ingkang nggadahi karemenan minum narkoba kolo wau.

Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipun tinjau saking kesehatan, sangat ngrugekaken dumateng badan kito, awit tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba meniko gampil kenging penyakit-penyakit, antawisipun gagal ginjal, jantung lan paru, sahinggo badan mboten sehat, lan inggakang paling bahaya inggih kawontenan pikiran mboten saget dikendalikan kanti sae, remen ngomong ingkang ngelantur, tindak tanduk kurang sopan lan sak penunggalipun, tiyang ingkang remen minum narkoba gadah kecenderungan ugal-ugalan lan kirang hormat dumateng tiyang sepuh lan sakkaminipun.

Tiyang mabuk mekaten mboten saged dipun control kesadaranipun, sak kepaenaipun piyambak lan sopan santun ingkang kirang, lan gadah kebiasaan ingkah rumaos paling hebat, naming sakjatosipun tansah ribet lan gampil sakit.

Awit menika kula ngajak dhumateng para warga masyarakat aja sepisan-pisano ngginaken narkoba lan obat-obatan ingkang dipun larang lan kita ginaaken wekdal kanthi sae lan diginaaken kangge hal-hal ingkang positif inggih punika : maca buku, olahraga sepak bola, olah raga bulu batminthon lan sakpanunggalane..

Bapak ibu lan kanco-konco ingkang kula hormati

Kanti pangertosan ingkang sampun kulo aturaken lan sebataken wonten ngajeng kolo wau, kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang. Mugi-mugi sesorahan wonten ing dinten menika  migunani dhumateng kita sedoyo lan andhadosna kita tiang ingkang becek. Ana kupat lawuhe santen menawi wonten lepat kula nyuwon pangapunten..

Bilahitaufiq walhidayah

Wassalamuallaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Narkoba sangat berbahaya buat kehidupan (drugfoundation.org.nz)

4. Tentang Lingkungan

Ini nih contoh pidato singkat bahasa Jawa yang membahas tentang lingkunga, langsung aja kita pantenginya.

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Lingkungan sekitar(BBC.com)

5.Tentang Kesehatan

Contoh pidato singkat bahasa Jawa yang terahir adalah tentang kesehatan, dan enaknya, simak langsung aja deh gimana pidatonya.

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarrakatuh

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah. Saha Bapak lan Ibu guru. Para staff TU, para dwija, pangarsa ingkang kula urmati. Sesepuh lan pinisepuh ingkang kula urmati ugi. Saha adhik-adhik siswa SMP Negeri 1 Purbalingga ingkang kula tresnani lan kula banggaaken.

Namung sakderengipun, ingkang rumiyin sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti Allah SWT. Gusti ingkang Maha Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinaringaken kempal manunggal ing mriki wonten ing adicara “Wigatinipun Njagi Kasarasan Waja kagem Remaja” kanthi pinaringan kasarasan saha kawilujengan, Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan. Kula selaku Ketua Pengurus Besar Persatuan Dokter Gigi Indonesia, kawula jumeneng ing mriki badhe ngaturaken pinten-pinten bab ingkang wonten gandheng cenengipun kalih wigatinipun njagikasarasan waja kagem remaja khususipun. Njagi kasarasan waja punika wigati sanget. Kenging napa? Amargi ndadosaken tiyang saged anggadaih ambakan ingkang seger, eseman ingkang sae ugi waja ingkang bersih lan putih. Mboten sekeca bilih wonten remaja ingkang anggadaih waja ingkang kuning, ugi ngantos sami tanggal. Lelabuhanipun tiyang sepah kaliyan guru kagem remaja inggih punika kagem motivator lan maringi informasi babagan ngrawat waja ingkang sae. Sedaya remaja putra lan putri piyambak ingkang mandegani kagem njagi lan ngrawat waja.

 

Setunggaling tiyang diwastani sehat menawi kagungan waja lan tutuk ingkang sehat. Amargi kagem waja ingkang mboten sehat saged ndamel penyakit sanesipun. Riskesdas 2007 nglaporaken 75% penduduk Indonesia nglampaih kenging karies waja.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani,

Wonten pinten-pinten bab ingkang sederhana ingkang saged adhik-adhik lampaih piyambak kangge ngrawat waja. Ingkang utami sami nyikat waja kaping kalih sedinten. Nyikat waja ngagem odol ingkang ngandung flouride lan mboten ngandung deterjen. Kapan wekdal ingkang tepat kagem nyikat waja? Saksampune maem ingkang pokok lan ajeng mapan sare.

Adhik-adhik ingkang kula tresnani,

Kula yakin adhik-adhik siswa SMP 1 Purbalingga mboten wonten ingkang ngrokok, aja nganti! Amargi ugi saged ngotorake waja lan saged ndamel kanker. Aja kaluwihen ngonsumsi anggur merah, panganan ingkang kathah gulanipun, panganan ingkang ngangge glepung, kopi lan teh. Amargi panganan lan nginuman niku ingkang adhik-adhik konsumsi kathah, saged ndamel risaking waja. Ngonsumsi buah lan sayur ingkang saged mbersihake waja, kaya apel, wortel, lan seledri. Jaganen kasarasan waja kita sedaya.

Adhik-adhik, pisan malih kula tegasaken, aja nyepelekake babagan keresikan waja lan tutuk! Adhik-adhik supaya mriksakake waja ingkang rutin, saben enem wulan sepisan. Kasarasannipun waja iku wigati sanget. Aja dilalekake! Lewih apik nyegah daripada ngobati.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula aturaken mugi-mugi sanget ndadosaken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih. Ing lebet badan ingkang saras enten jiwa ingkang kiyat.

Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Jadi begitulah beberapa contoh pidato bahasa jawa yang semoga bisa menjadi inspirasi kalian ya.

Kesehatan perlu kita jaga (Exude, Inc.)